Sahadat Sampurna
Sare’at mulya kang kagungan sare’at,
hakekat mulya kang kagungan hakekat,
mar’rifat suci mulya kang kagungan suci,
rasa mulya kang kagungan rasa,
rasa sampurna muling sing dunya,
mukmin sing kawitan,

Allooh anu mulih,
Muhammad anu masihan rasa,
rasa sari sarira wangi,
metu roh idlofi sarupa lawang dzatullah,

sir rasa ganda rasa,
ganda rasa metu rasa,
kari rasa rasa sejati,
mulya rasa ning sampurna,
sampurna mulih sing dunya,
ilang rupa ilmu mulya,
agama mulus sujud ka dzatullooh,

wiyat sukma jati sukma Allooh,
sari dzatullah suwarga,
dzat sampurna ka sawarga,
sari rasa dzat sampurna ning dzat,
laa ilaaha illallah muhammadur rosulullooh.

Telu roh idlofi kanyataan sifatullah kang anama ketel putih,
rasa kanyataan dzatullah kang anama putih,
les putih kumpuling badan kalawan nyawa,
namaning putih ratna mulya jati,

sir eling sajatining urip,
sajatining Allah sajatining rasa,
iya urip sajatining Allooh sajatining manusa,
ules putih araning nyawa,
ules lereng badan Allooh kagebed putih,
iya nagara sampura cahya sang udel putih,
mulya anu langgeng jaya sampura,
iya tajalli Allooh,

sahadat sare’ate saadege salungguhe sholu Allooh,
laa ilaaha illallah muhammadur rosulullooh,
Alloohumma roh badan roh nyawa,
sahadat pangleburan,
sahadat sakeling wekasan,
salira naraka kaping pitu jadi suwarga sabda Allooh,
junjunan derajatullooh,
junjunan derajat sajabing baja,
salamet umat nabi Muhammad,
ya wali ya wali birohmatika ya arhamar rohimin.



Sahadat Pancer (Sahadat Majmal)
Bismillahi Allah kang Maha Agung,
Allah kang Maha Luhur,
Allah kang Maha Suci,
Qulhuallahu ahad, Allahus shomad,
lam yalid walam yulad,
walam yakulahu kufuan ahad,
ya Sayidina Imam Pengeran Muhammad Shohibulahsan angkis dinillah,
ya Allah ya Ahad ya Shomad,
ya Hu Allah ya Hu rasa mulya,
ya Allah sifat ingsun ya Allah rupa ingsun,
ya Allah pengeran ingsun,

rasa tunggal ya Hu haq,
Allahumma taqobbal du’aa,
dzat sare’at dzat tarekat dzat hakekat zat ma’rifat,
dzat kesuciyane manusa,
dzat kamulyaane manusa,
Allahuma sir sidayidana dzat agung,
dzat kaluhurane Adam,
ya Hadi ya Wali ya Hu sahadat majmal,
sapa arane jujuluk mandarapi,
sarawuhe Gusti Rosulullah saw,
datenge sahadat kang dadi pancere urip,
urip pangandikane Allah,
laa ilaha illallah muhammadurrosulullah.



Sahadat Sampurna
Sir gumilang, rat gumilang,
sampurnaning af’al,
ratnaning sifat,
ganda rasa sukma mulya,
badanku keri sampurna.

Allooh kang ngajiyad,
Allooh kang kersa ngajiyad,
ngajiyad kersaning Allooh,
kersaning Pangeran,
banyu kang urip sampurnaning dzat,
sampurnaning sifat,
Allohuma wujud suci badan sampurna.

Alloohuma badan suci bagus ati,
tinggi sukma mujarab madep maring Allooh,
Alloohuma watu turu goibing Allooh,
roh madep maring cahyaning Allah,
laailaha illallooh muhammadur rosulullah,
sukma lara sukma lari sukma mulih tan kena keri,
sa elah kentaling rasa dzat les.



Sahadat Jeneng
Ashadu sahadat jeneng,
kang jumeneng kelawan isun,
jisim kang sholat,
sholat sajeroning jisim,
madep ning dzatullah,
masup ning sifatullah,
ya hu iman, hu suci badan sampurna.



Sahadat Insan Kamil
ALLAHU AKBAR,
KUN FAYAKUN, KUN FAYAKUN, KUN FAYAKUN,
SUBHANALLAH, SUBHANALLAH, SUBHANALLAH,

SIR INGSUN BAITULLAH,
ATI INGSUN MARING ALLAH,
JEJANTUNG INGSUN MARING NUR MUHAMMAD,
GETIH INGSUN ROHMAN ROHIM,

BADAN INGSUN INSAN KAMIL,
I’TIQOD SUCI BADAN SAMPURNA.

PENGUCAP INGSUN KALAMULLAH,
TURU INGSUN KERSANA ALLAH,
MADEP INGSUN ING MAHA SUCI KULA NYUWUN . . . .  (sebutkan anda),
LAA HAULA WALAA QUWWATA ILLA BILLAHIL ‘ALIYIL ‘ADHIM.