Sahadat Adam
Acinya metu saking roh idlofi,
banyu karang banyu langgeng,
metu saking banyu pangkon,
prepet bur les.

Mani luwih mulya,
rasa mani luwih mulya,
pati mani luwih wit,
wisesa pangeran ratna gumilang,
mud gumeter putih,
rat kerat rat kerat.

Mangka den arani sang kali meneng,
urip pangeran sangiang resik,
suci banyu putih,
ing urube katon murub ing tengah jagat,
asup rasa manjing rasa,

rasa tunggal,
tunggal rasa,
sapelentung bulan,
tanggal bulan opat belas,
di jero aya kawula.

Asyhadu sahadat adam,
sawiji ngiring kawitan,
kadua ngiring wekasan,
sahadatna saciptana, sa enya-enyana,
sa temen-temenna anging jeung Allah,
kadua pangandika Allah.

Asyhadu sahadat sayang,
mipir wilis braja suci,
kang jumeneng wali tunggal,
tetesan Allah,
tetesan Adam.

Asyhadu katiban rasa,
ilang rasa,
dzat sifat rupa tunggal,
roh dzat les.

Asyhadu sahadat bawa iman,
jati lulungguhan pulo nyawa,
inten-inten ning manusa,
wujudullah pancering urip,
dzat gumilang dzat pangeran,
dzat pangeran awak urang,
dzat gumenceng awak urang,
dzat kumeub enggonwang,
rasa pati ingsum urip.


Sahadat Nuh
Asyhadu mudar penggang jati,
urip tan kena owah,
dzat sifat mulya sampurna

Eling-eling beurat teuing kaki badan,
badan ditinggal ku nyawa,
jisim mah sing patitis,
ya badan mangka sampurna,
badan wuwuh jeung nu lembut,
badan kanyataanana parlanggeng jaya sampurna.

Pujining jasad kang alus,
maring solat
solat dzat les.

Pujining rasa
resik suci,
mulya jati,
wong lungkeb sejagat kebeh.

Segala niat miyat isun,
rasa sukma kalbu iman,
amin santer utus kersaning Allah.

Asyhadu mundar lenggang jati,
lumenggang jati bango butak.

Adegan kaula hengetan,
Muhammad gusti kawula,
Panutan kawula Yang Manon.


Sahadat Musa
Mutawilah sahadating jisim.
Mulahilah sahadating nyawa.
Mulawasitah sahadating rasa.
Usholli urip wekasaning badan den ngaliling.
Usholli urip wekasaning badan Muhammad ngaliling.
Usholli urip wekasaning badan Muhammad ngaliling.
Usholli wekasaning badan, innahu kawulaning safilhi safilha, ya mulhu huhakbar.


Sahadat Yusa
Sirrullah dzatullah
Pangeran qudratullah
hu allooh ya ingsun
Pangeran qudratullah

asal cahya mulih ing cahya,
asal qudrat mulih ing qudrat,
asal teu aya mulih ing teu aya,

mulih ing qudrating Allah,
hu ya ingsun Allah.

Usik sirnaning badan,
wengkuh sih kanugrahaning Allah.

Asyhadu iku jumeneng ingsun,
asma ingsun puji ingsun,
puji kawula ingsun dewe

Asyhadu sahadat sepi,
pi ka nepi mulih,
mulih maring sepi,
ing langgeng sahadate,

kang ungguling goib,
mulang goibing luwih,
wallahu ya isun.

Ingsun angung guru tunggal,
tunggalna jeung Adam tapel,
luhureun sayang kencana
handapeun hatiga warna,
anu calik di bumi suci,
anta mulya patapaan manusa,
alam panjang powe panjang,
tuduh Allah Rosulullah.

Ashadu sahadat pekareman,
aja karem maring dunya,
isun karem maring dzatullah
rungkad rungkede dzat les.

Mentrak mentruk mintaruman,
ras clak ras clik kersaning Allah.


Sahadat Ibrohim
Allahuma iya bumi Allah kang kawasa,
tuan tan kawasa,
melebet ing gedong dampal tapakan,
melencati sang kubur,
mulih ka jati sampurna.

Agama kama lebur kama ragane kabeh,
ambet tan aja ana kang kari,
dzat les dzat les,
sirna mulih ka kaudratullah kabeh.

Patunggalan wujud tunggal sejatining manusa,
kumenceng putih gumulung putih,
sejatining sifat,
wujudullah kang amangku ing Allah kabeh.

Adus sukma resik suci,
pan punika saketclok badan kelawan nyawa.

Ashadu sahadat jati,
tegang pati,
anu terus kana hati,
sahadat kegawa mati,
Allah anu teja kari sejatining sampurna.

Ibu iman sejatining pangeran,
kudrat sejatining Allah,
Asal ora mulih maring ora.


Sahadat Muhammad
Sih na nu di pangkon,
dzat na anu di pandang,
sifatna anu mulya,
sukmana anu dimaksud,
kapanggih ti rahmatullah.

Sri tunggal sri ma’unah,
asup rasa dahar pangawarasa,
sri khofi iman sadana,
tunggal nikmat jeung pangeran.

Sri manah sri tunggal,
samana tunggal,
tunggal sumsum,
ditunggalkeun kanu kakawasa.

Alloohuma kanafi Allah Muhammad wekasan,
panggih ora pinanggih,
temu ora katemu,
raga badan sapisan,
pada misan,
isun weruh sejatining nepi.

Allahuma ilaha sucining pangeran,
sholli ‘ala sayidina,
sirna nu nyembah,
sirna anu disembah,
Muhammad rupa sejati.

Waliyullah balik sumpah,
dibalikeun ku Nabi,
ditulak ku Allooh,
asyhadu anlaa ilaha illallah Muhamadur rosulullah.


Sahadat Cerbon
Sang abuli Samadullah, jalaniyah si puter,
isun jaluk gawnnira raksanen awak isun,
urip lan warase, isun metu saking desa kauirapan,
arep ngungsi maring desa kewaran, anggo tanpa anggo,
kang alungguh ana ning kidul wetan, gusti isun Sunan Kali Jaga,
kang ana mai urip isun, anngo tanpa anggo,
kang alungguh ana ing kidul kulon, gusti isun kang anamai sahadat isun,
anggo tanpa anggo, kang alungguh ana ing lor wetan,
gusti isun kang anamani ya isun, anggo tanpa anggo,
kang alungguh ana ing lor kulon,
gusti isun Nyi Mas Ayu Panguragan kang anamai rahayu tengah,
rahayu selamet, ya isun wonge, ya isun wong cerbon.


Sahadat Cerbon Girang
Erang-erang sahadat cerbon girang,
era-era sahadat jepura,
ratu kuncung lurah agung,
laailaha illallah Muammadur rosulullah.


Sahadat Astana
Ashadu sahadat astana,
ana sahadat saking cerbon,
ana wulan tanggal sapisan,
henget-hengete lagi pasieh,
sira sapa isun sapa,
ya isun putra putune Eyang Kuwu Sangkan Urip,
sira aja kesamaran,
selamet, selamet, selamet kersaning Allah.


Sahadat Manik Wanoja
Bissmillahir rahmanir rahim
Sang manik nyawa
milir sira sujuda ing pangeranira
Sang manik gumilang
lungguhira ana ing iga wekas isun kang kiwa
Metunira saking cahyane matanisun kang kiwa
Laa ilaaha illallah muhammadur rasulullah


Sahadat Gunung Sembung Cerbon
Gunung Sembung liwang liwung,
bale mangu sapejajar,
Gunung Jati aja samar,
setahun mangsa tinemuha,
sawindu mangsa meruha kelawan isun,
ti yang daplang jungjang si bayalangu,
pulo babakan majeti,
rangrang murag gegelunge nyi mas panguragan,
ora ana kang ngimponi,
iya isun kang ngimponi.


Sahadat Kalisapu
Ashadu sahadat sangyang,
ketekan panganten eling,
bisa nguripi bisa marasaken,
iya iki tegese sahadat kalisapu.


Sahadat Jepura
Hong,
ashadu tilu-tilu,
rat sejatining mangkurating Allah,
Syech Allah Syech Malaka Syech Kubro,
awang uwung durung ana,
bumi sega duwus ana,
awang uwung kang wus ana,
ing Gunung Jati,

awang uwung kang wus ana ing gua dalem,
awang uwung kang wus ana ing Kuningan,
Ratu Kucing Pangeran Cempa,
sirah Banten gebung Cerbon,
suku Jepura.

Kang karuhun kang tinuwakaken,
Kiyai Buyut Quper Putih,
anurunaken Kiyai Buyut Halfiyah,
anurunaken Kiyai Buyut Suwara,
anurunaken Kiyai Buyut Jepura,
wit setapak kembu dawa isi ula keter-keter putih,
ya isun kang anduweni gembolo araning banyu,

si bapa masih perjaka,
si embok masih perawan,
hong kiyai buyut Kinuncung,
ancik-ancik lemah segandu,
bumi langit saceloncong,
saiki ora kedang keding,
besuk ya ora kedang keding.


Sahadat Wangi
Ashadu sahadat wangi,
kang Jumeneng Raden Penganten,
gilang gumilang ing pati lafad ganda wangi.


Sahadat Sukma
Ashadu cangkok sari,
anyangkok sarining sukma,
aja bara tapake,
pan ragane ora nana katut sarimbagane pisan,
dzat plas dzat les sepi nyanyet,
anyelanglung musnah ilang,
mulih ing keraton.


Sahadat Fatimah
Ashadu ayat manik johar Fatimah,
urip ora karana ginawe,
urip kang murba wisesa,
sang keraton sang kedaton,
ratu wadon kang jumeneng Siti Juleaha,
hasumping ngaji gelung iman,
kemukus lintang johar.

Ashadu anlaa ilaaha illallah,
waashadu anna muhammadar rosulullah,
roh ilafi mar’rifatullah,
angang wali adus fatimah,
amasuhi wadon kakaula,
andawiyah wadon kasturi,
inganakaken dening Nabi Allah,
tinurunaken saking kudratullah,
sukma sinukma suruping rasa jati mulih sejatine,
la ilaha illallah wekasaning urip.

Ashadu sahadat Fatimah,
anjenengi mande,
alungguh ing korsi gading,
anecep sari,
turun sari saking Nabi,
turun rasa saking Allah,
kaberkahan saking Pangeran.

Ashadu sahadat manik johar Fatimah,
mani embah dewi Fatimah kang sesaji,
baginda Ali kang nyakseni,
Jabaroil kang andongani,
Kanjeng Nabi Muhammad kang nampani,
Kolbi kang andum rasa,
sekabat Siti Fatimah katurunan kang sesaji,
dateng mbok Siti Fatimah,
laa ilaaha illallah muhammadur rosulullah.


Sahadat Wong Agung
Allahumma inni kuntu minadzolimin,
liwang liwung gunung sembung,
bale jajar mangu-mangu, Gunung Semar Gunung Jati,
tamenga nana anak putune Mbah Kuwu Trusmi,
anak putune Mbah Kuwu Cirebon Girang Pangeran Cakra Buana,
kang cakra jagat papu dika,
kang cakra badan kawula,
laa ilaaha illallah muhammadur rosulullah


Sahadat Gunungjati II
Ashadu Sahadat Cerbon,
Jumeneng gua Gunungjati,
Cemeti astana Gunungsembung,
Penggotekan petawunan,
Murub mancur cahyaning Allah,
Rat jagat urip ingsun,
Anasir Papat kasampurnan
Jumenenge Kuto Cerbon,
Saka Kersaneng Pangeran
Laa Ilaha Illaallah Muhammadur Rasulullah.


Sahadat Raga Komara
Bissmillahir rahmanir rahim
Allahumma raga komara muhammad raga Allah
katurunan cahya dening Allah
Wit asih kinasihan ruhe wong sakabeh

Catatan: dibaca pada setiap jam 9 malam.
Laku: Puasa 7 hari dengan Mataigeni pada hari terakhir.