Sahadat Kinasihan
Bissmillahir rahmanir rahim
Sang munding wangi sang guru gantangan
sang lingga pakuwan sang pandahan
Sira amanjinga ing atine si anu (nama yang dituju), supaya teka welas teka asih maring isun
Ya isun reraksaning buyut kang kinasihan dewek dening sira.


Sahadat Pasiraman
Bissmillahir rahmanir rahim
Niat isun adus pangenom-enom
Sri wesi gagak siwalan
Esuk enom sore enom
Enom isun salawase selulup kembang kenanga
Mentas kembang melati
Gumilang gilang cahya isun kadi wulan tanggal padbelas
Melas asih atine wong sajagat kabeh maring isun
Allahu Akbar


Sahadat Semar Putih
Bissmillahir rahmanir rahim
Sungsung guyu guyune si semar putih
Lehek-lehek satekaku den guguyu
Salungaku den tangisi
Teka welas teka asih maring isun
Ya isun kang ngaji guyune si semar putih
Laa ilaaha illallah muhammadur rasulullah


Sahadat Kinasihan
Bissmillahir rahmanir rahim,
Sang munding
wangi sang guru gantangan
sang lingga pakuwan
sang pandahan
Sira amanjinga ing atine si (anu: nama yang di tuju)
supaya  teka welas teka asih maring isun
Ya isun reraksaning buyut kang kinasihan dewek dening sira.

Punika asihan Lakune puasa mutih 7 dina. Olihe maca ana ing menyan 2 nuli deng obong, olihe ngobong karo amandeng ing wong kang den karepi ing atine. Lan sadurungre entenge kebul aja leren amaca dongane. Ngobone wayah jam 12 bengi ing tengah latar.


Sahadat Asihan
Bismillahirahmanirahim
Bis asih
Mil mulane asih
Allah purbaning asih
Manik putih badan asih
Sifat asih
Asih asih asih karsaning Allah

Khasiat: agar dikasihi oleh semua


Sahadat Jati 1
Sahadat isun,
sun sajati jatining sara,
sahadat isun sun sajati jatining fana, Sahadat isun,
sun sajati jatining lenyap,
sahadat isun,
sun sajati jatining jati.


Sahadat Jati 2
Ashadu tibaning rahsa,
an laa jatining rahsa,
ilaaha patemuning rahsa,
illallah sampurnaning Rahsa,
iya Rasulullah iya isun,
iya isun sahadat, iya huu, iya isun
sukma hurip sejatine sampurnane sahidahullah.


Sahadat Rasa
Asyhadu tibaning rasa,
ilaha jatining rasa,
illallah patumuning rasa,
Ya rasa Ya Rasulullah,
jatining rasa anging muhammad kang jati,
wujudullah pangeran isun,
Ya Hu, Ya Man Hu, Nur Cahya rasaning Allah.


Sahadat Jungjung
Iman jati atetemu ing manusa,
lungguh kawulaning nyawa,
Iman ilang lungguh isun,
isun lungguh hing hurip


Sahadat Lenyap
Asyhadu wungkuling sahadat,
lenyaping tunggal,
sampurnaning hurip,
illallah dhohiring sahadat,
muhammad lungguhig hurip.


Sahadat Sang Betala
Bismillahirahmanirahim
Sang Betala
Sang batala araning angin
Muhammad kang anunggang nafas
Iya isun Muhammad
Lailaha illallah

Khasiat : dapat naik angin (terbang), waallahu a'lam


Sahadat Kutha Wesi Gedong Wesi
Bismillahirahmanirahim
Kutha wesi gedhong wesi
Ana lanang saking makah
Baginda Ali kang ngideri
Laailaha illallah muhammadur rasulullah

Khasiat : Perlindungan
Cara    : Dibaca sebelum tidur


Sahadat Qulhu Sungsang
Bismillahirahmanirahim. Qul hu sungsang raja iman
Kukudungku jabarail
Tetekenku jungkat nabi muhammad
Lailaha illallah muhammadur rasulullah

Khasiat : terhindar dari segala macam jenis teluh dan dapat memasuki bumi yang sangar (panas).


Sahadat Qulhu Balik
Qul hu balik balik balik
Sakatahe kira kira kang ala
Sumurup ing partala
Kang ngadang kang luput
La ilaha illallah muhammadurrasulullah

Khasiat : Terhindar dari segala bahaya


Sahadat Adi Mulya
Bismillahirahmairahim
Allahumma adi mulya
Mulyaning salira mulyaning huma
Ing ngahuban dening malaikat kasammadan
Ing raksa dening Allah
Nabi wali mukmin
Ghafarallahu ‘alaina
Birahmatika ya arhamar rahimin

Khasiat : Kemuliaan dan menjaga diri dan rumah


Sahadat Purna Cipta Rasa
Bismillahirahmanirahim.
Cipta rasa mijil saking rasa
Mur tanana karasa
Rara komala mulya
Mulya ing Pangeran
Tumiba kadi tibaning udan
Aserep tan karasa
Rasa mijil dzat muthlak
Rasa purba wujudullah
Dzatullah nama Allah
Dzat uga
Rabbana satule bisyahadati
Pekonira teguh
gedonge si kala sakti
Peputihing mata
persandaning kala sakti
Teraping mata
tungganganing kala sakti
Ing embun-embunan
wetuning kala sakti
gunung tursina
kala kala andadekaken kala sakti
ambek pati
tingal pati
lembu pati
pati patitik dewek
wesi baqa tutup braja
ning ning tanana karasa
la ilaha illallah muhammadur rasulullah
ya Allah syufa’at ya rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam

Khasiat  : Keteguhan (kekuatan)
Lelaku   : Puasa 7 hari, pati geni
Tambahan : saat membaca harus di seratai asap kemenyan seberat telor


Sahadat Batin
Bismillahir rahmaanir rahiim
Ushalli hurip tutup mekah
Arisalah iman tetep langgeng tan kena owah
Urip tan kena pati
Padang tan kena peteng
Ya hu haq

Faidah : untuk menjaga iman dan kesehatan
Dibaca : saat hendak tidur


Sahadat Pameradan
Bismillahir rahmaanir rahiim
Merad murud sirna sampurna
Ya isun sukma rasa jati
Ya isun rara gumantung tanpa enggon
Gumilang tanpa sarira
Lenyap ilang dzat les
Angles saluwa raga
Ora ana ing jagat kabeh

Faidah : untuk menghindar dari pandangan musuh.
Dibaca : saat berhadapan dengan musuh.


Sahadat Kasirnaan
Bismillahir rahmaanir rahiim
Wujud iku kulit rupane
Cahyane bumi ilang rasane bumi
Ilmu iku daging rupane
Cahyane geni ilang rasaning geni
Enur iku getih rupane
Cahyane angin ilang rasaning angin
Syuhud iku balung rupane
Cahyane banyu ilang rasaning banyu
Rad sampurna badan ku nyawa
Sampurna ku rasa
Sampurna ku cahya
Sampurna ku hurip
Rad tan ana kari

Faidah : untuk menghindar dari musuh
Dibaca : saat berhadapan dengan musuh


Sahadat Panglepasan
Bismillahir rahmaanir rahiim
Asyadu ana nisun
Ilaha Pangeran nisun
Illallah rupa nisun
Muhammad cahya nisun
Tisrup manurup aja kasurup
Manitis aja tumitis
Aja salah kadadiyan
Eling Dzat lap ing netra dzat les
Tan ana kerasa ing ati

Khasiat : untuk mempermudah orang yang susah meninggal dunia.
Dibaca : disamping orang yang susah meninggal dunianya karena suatu hal.


Sahadat Sakarat
Bismillahir rahmaanir rahiim
Sirning manjing sarirane
Tetep langgeng jumeneng
Tan sa anang angen-angen
Tan sakawula iku kapurba 
kuwasa dening pangeran
Dzat lap dzat les
Enak tan kerasa ing ati
Hu hu hurip ing deweke

Khasiat : untuk orang yang susah meninggal dunia.
Dibaca : disamping orang yang sedang sekarat karena susah meninggal dunia